KADANG TANI GUMREGAH NGOLAH LEMAH, KANGGO MUSIM RENDENG KANG BAKAL TEKO

sunarno 02 Oktober 2024 09:18:20 WIB

Karangwuni SIDASAMEKTA, 2 Oktober 2024, Monso ketigo ing wewengkon Kalurahan Karangwuni uwis lungsih, malah wis jumangkah mongso kapapat. Ono ing mongso kapapat iki poro kadang tani wiwit gumregut nggarap tegale kanggo ngadepi ing mongso kalimo kang tegese ngancik ing mongso rendeng.

Kadang tani nyiapke tegale kanggo nandur pari lan polowijo. Rendeng tahun 2024/2025 iki kadang tani akeh kang nandur jagung, sinadyan tanduran pari ugo pinongko tanduran kang luwih maligi kanggone poro kadang tani.

Tanduran jagung padho di gandrungi kadang tania margo luwih gampang anggone nggulowenthah di tandingke tanduran pari polowijo liyaane. Kaunggulene tanduran jagung kejobo panggulowenthahe gampang, pas mongso panen biso di sumenekke ndisik, bedo tanduran liyane manowo wis wektune panen kudu langsung di panen mergo yen ora enggal di panen kadahane biso tuwuh lan asile mudun.

“pados winih pari segreng handayuani radi kangelang, amargi kirang  tiyang ingkang mbudidoyo tanduraan segreng handayani kagem winih”, atur panggrantese sawetoro kadang tani kang during oleh winih pari segreng handayani. Umpomo ono winih segreng handayani pranyoto regane onjo.

Kanggo winih jagung, Sebagian Masyarakat uwis oleh bantuan soko pemerintah khususse Menteri Pertanian, lan ugo ono bantuan soko Pemerintah Kalurahan Karangwuni, kang kaanggarake soko Dana Desa sektor Ketahanan Pangan.

Sakwuse poro kadang tani samekto lahane, mugo-mugo Gusti Kang Akaryo loko enggal paring jawah kang ngurakapi.

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar