KADANG TANI GUMREGAH NGOLAH LEMAH, KANGGO MUSIM RENDENG KANG BAKAL TEKO
02 Oktober 2024 09:18:20 WIB
Karangwuni SIDASAMEKTA, 2 Oktober 2024, Monso ketigo ing wewengkon Kalurahan Karangwuni uwis lungsih, malah wis jumangkah mongso kapapat. Ono ing mongso kapapat iki poro kadang tani wiwit gumregut nggarap tegale kanggo ngadepi ing mongso kalimo kang tegese ngancik ing mongso rendeng.
Kadang tani nyiapke tegale kanggo nandur pari lan polowijo. Rendeng tahun 2024/2025 iki kadang tani akeh kang nandur jagung, sinadyan tanduran pari ugo pinongko tanduran kang luwih maligi kanggone poro kadang tani.
Tanduran jagung padho di gandrungi kadang tania margo luwih gampang anggone nggulowenthah di tandingke tanduran pari polowijo liyaane. Kaunggulene tanduran jagung kejobo panggulowenthahe gampang, pas mongso panen biso di sumenekke ndisik, bedo tanduran liyane manowo wis wektune panen kudu langsung di panen mergo yen ora enggal di panen kadahane biso tuwuh lan asile mudun.
“pados winih pari segreng handayuani radi kangelang, amargi kirang tiyang ingkang mbudidoyo tanduraan segreng handayani kagem winih”, atur panggrantese sawetoro kadang tani kang during oleh winih pari segreng handayani. Umpomo ono winih segreng handayani pranyoto regane onjo.
Kanggo winih jagung, Sebagian Masyarakat uwis oleh bantuan soko pemerintah khususse Menteri Pertanian, lan ugo ono bantuan soko Pemerintah Kalurahan Karangwuni, kang kaanggarake soko Dana Desa sektor Ketahanan Pangan.
Sakwuse poro kadang tani samekto lahane, mugo-mugo Gusti Kang Akaryo loko enggal paring jawah kang ngurakapi.
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Statistik Kunjungan
Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
- LESTARIKAN BUDAYA BESIH DUSUN (RASUL)
- SIDANG BERSAMA BAMUSKAL DAN PAMONG KALURAHAN KARANGWUNI, MEMUTUSKAN PEMANFAATAN TANAH DAN PENYERTAAN
- LOWONGAN KERJA MENJADI PENGELOLA KOPERASI MERAH PUTIH DI KALURAHAN KARANGWUNI
- CABAI TIDAK LAGI TERASA PEDAS, DIRASAKAN PEMISAH CABAI DI KARANGWUNI
- PENILAIAN ADMINISTRASI KEPENDUDUKAN CATATAN SIPIL KAB. GUNUNGKIDUL
- PEMERINTAH KALURAHAN KARANGWUNI MENGADAKAN KEGIATAN SOSIALISASI PENGERJAAN TALUD
- Pelatihan Kewirausahaan bagi UMKM oleh Dinas Koperasi,UMKM Gunungkidul