MATUN
08 Januari 2020 09:28:45 WIB
Karangwuni, 8 Januari 2020. Mongso rendeng kang wus kelakon ing tlatah Desa karangwuni, anjalari olah kridhaning tetanen poro kadang tani sang soyo gumbregut. Amargo tumuruning udan ing Karangwuni keporo ora bareng mulo tanduran ugo thukul ora bareng, ono kang wektu iki wus ngrabuk mergo tandurane wis nyukupi, ananging ono ugo kang lagi matun.
Keporo ing sisih kidul perangan Desa Karangwuni lagi mbarehi anggone ngresiki suket ono ing sak selo-selane tanduran pari (matun), amargo ing tahun iki ora ono kiriman udan mulo tuwuhan suket ing tegalan sang soyo akeh, anjalari poro among tani kewalahen anggone matun. Kang biasane mung cukup di tandangi keluarga, wektu iki kudu nggolek tenogo kanggo ngresiki suket ing sak selo-selane pari.
Matun kang ka pindo biasane poro kadang tani kang kekurangan tenogo amung nggunakke obat kanggo mateni suket ing tanduran pari, senajan regane larang kepekso kadang tani nggunakke obat kasebut amargo suket alam kang thukul sang soyo ngremboko, sahenggo ngalahake tanduran pari.
Ing pengangkah tahun 2020 iki olah kridaning tetanen poro kawulo tani ngurakabi ing samu barang lir. Aamiinnn
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Sekilas Info!
Arsip Artikel
- Vaksinasi Hewan di Padukuhan Saban, UPT Puskeswan Semanu Dorong Pencegahan Penyakit Hewan Menular
- PENGAJIAN AKBAR DI MASJID AN-NUR SRITEN, AJAK GENERASI MUDA CINTAI DAN MAKMURKAN MASJID
- PAMONG KALURAHAN KARANGWUNI GELAR RAPAT KOORDINASI, PERKUAT SINERGI DAN PELAYANAN MASYARAKAT
- APEL DIHARI SENIN
- KERJA BAKTI LURAH DAN PAMONG KALURAHAN KARANGWUNI
- SISWI SMP NEGERI 1 RONGKOP ASAL PADUKUHAN DUWET KARANGWUNI RAIH JUARA 1 KRENOVAMASKAT PELITA INDAH
- PENGAJIAN AKBAR DI MASJID BAITULl MUSLIM PADUKUHAN NGERONG BERSAMA USTADZ AMINUDIN AGUNG NUGROHO
WAKTU INDONESIA BARAT
SURVEY KEPUASAN MASYARAKAT
LAYANAN PENGADUAN
Website Lintas Kalurahan
Website Resmi Instansi Gunungkidul
Statistik Kunjungan
| Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Total Visitor | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |












